صلّ وسلّم دائما على احمد ×2
والأل والاصحاب من قد وحّد ×2
Ayo poro konco – njalok –
lungo haji
Marang gusti Allah - pangeran – kang moho suci
Dungo marang Allah - Di Barengi – Sholat wengi
Ojo lali fatihah – di
woco – satus siji
Sholawat ibrahimiyah – di
woco – saben dino
Sa’ba’dane sholat –
limang waktu – podo ilingo
Sholawat kapeng sewu –
malem jum’at – lakonono
Dungo thowaf talbiyah –
saben dino – yo diwoco
Ati kudu grengseng –
kepingin – lungo haji
Duwe tegal sawah – di dol
– ndang diurusi
Kanggo daftar haji – lungo
– ing tanah suci
Insaallah selamet – lan
ora – bakal rugi
Ono Tanah Suci – Tujuane
– Mung Ibadah
Ati Kudu Sabar – Orakeno
– bantah bantah
Senajan dilarani – ora
mbales – kudu betah
Akhire ibadah e – lan
dungane – mustajabah
Haji ingkang mabrur
- Balesane – Mung suwargo
Besok ing akherat – ora
bakal – mlebu neroko
Ora keno sombong – lan
ora keno – duroko
Ono tanah suci – balesane
– saknaliko
Panggonan mustajab –
weruh – ono ing mekah
Ono ing multazam – hijir
ismail – elor e ka’bah
Bukit shofa marwa – maqom
ibrahim – muzdalifah
Mina lan arofah – Raudloh
– Masjid Madinah
Gusti pangeran kulo –
Kulo nyuwon – waget haji
Dateng tanah suci – saben
tahun – dituruti
Anak bojo kulo – wong
tuwo – lan poro santri
Oleh ridlone Allah –
Pangeran – Kang moho suci
Amin Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin Amin Amin – Ya Allah Robbal Alamin
Ngawonggo. 03 Oktober 2012 M.
16
Dzulqo’dah 1433 H.
Penulis
KH.M.Ridlwan Alkanma,S.Ag